Aksara Hanacaraka
Aksara
Hanacaraka iku bisa dipérang dadi pamérangan gaya Jawa utawa gaya
Sangskreta. Ing ngisor iki loro-loroné kapacak. Nanging sing kapacak ing
ngisor iki aksara Hanacaraka baku gaya Jawa.
saubengé
kaya ta ing Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku
uga diarani aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara
Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa
waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa
Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing
artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana
ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara
Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik
lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang
sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka
Tanah Hindhustan. Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit
sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang
aksara wiwitané.
Pamérangan gaya Jawa
Basa Jawa bisa dipérang dadi pirang-pirang jinis.
Aksara nglegena
ha |
na |
ca |
ra |
ka |
/hɔ/ |
/nɔ/ |
/tʃɔ/ |
/ɽɔ/ |
/kɔ/ |
|
|
|
|
|
ꦲ |
ꦤ |
ꦕ |
ꦫ |
ꦏ |
da |
ta |
sa |
wa |
la |
/dɔ/ |
/tɔ/ |
/sɔ/ |
/wɔ/ |
/ɭɔ/ |
|
|
|
|
|
ꦢ |
ꦠ |
ꦱ |
ꦮ |
ꦭ |
pa |
dha |
ja |
ya |
nya |
/pɔ/ |
/ɖɔ/ |
/dʒɔ/ |
/jɔ/ |
/ɲɔ/ |
|
|
|
|
|
ꦥ |
ꦝ |
ꦗ |
ꦪ |
ꦚ |
ma |
ga |
ba |
tha |
nga |
/mɔ/ |
/gɔ/ |
/bɔ/ |
/ʈɔ/ |
/ŋɔ/ |
|
|
|
|
|
ꦩ |
ꦒ |
ꦧ |
ꦛ |
ꦔ |
Ing aksara Hanacaraka, aksara nglegena cacahé ana 20. Aksara iki kabèh nglambangaké foném-foném basa Jawa.
Sandhangan swara
a |
i |
u |
é |
o |
e |
/a/ atau /ɔ/ |
/i/ |
/u/ |
/e/ atau /ɛ/ |
/o/ |
/ə/ |
- |
Wulu |
Suku |
Taling |
Taling-tarung |
Pepet |
|
|
|
|
|
|
ꦏ |
ꦏꦶ |
ꦏꦸ |
ꦏꦺ |
ꦏꦺꦴ |
ꦏꦼ |
Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara liyané.
- Wulu
ngowahi swara dadi /i/
- Suku
ngowahi swara dadi /u/
- Pepet
ngowahi swara dadi /ə/
- Taling
ngowahi swara dadi /e/
- Taling
tarung ngowahi swara dadi /o/
Sandhangan panyigeging wanda
Sandhangan
panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa
matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan patèn.
Panyangga |
Cecak |
Wingyan |
Layar |
Pangkon |
|
|
|
|
|
kaṃ |
kang |
kah |
kar |
-k |
ꦏꦀ |
ꦏꦁ |
ꦏꦃ |
ꦏꦂ |
ꦏ꧀ |
- Cecak
Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara
- Wignyan
Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
- Layar
Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
- Patèn utawa pangkon
Patèn utawa pangkon iku kanggo matèni sawijining aksara supaya ora ana swarané manèh. Sing kéri mung konsonané utawa wyanjanané.
Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan péngkal.
Cakra |
Keret |
Pengkal |
|
|
|
kra |
kre |
kya |
ꦏꦿ |
ꦏꦽ |
ꦏꦾ |
- Cakra
Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
- Keret
Keret iku mènèhi wanda /re/ ing sawijining aksara.
- Péngkal
Péngkal
iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra. Aksara sing
wis ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh, ya kaya
cakra.
Pasangan aksara
ha |
na |
ca |
ra |
ka |
|
|
|
|
|
da |
ta |
sa |
wa |
la |
|
|
|
|
|
pa |
dha |
ja |
ya |
nya |
|
|
|
|
|
ma |
ga |
ba |
tha |
nga |
|
|
|
|
|
Kabèh aksara uga nduwé sawijining pasangan sing bisa matèni aksara sadurungé.
Aksara swara
a |
i |
u |
é |
o |
re |
le |
/a/ atau /ɔ/ |
/i/ |
/u/ |
/e/ atau /ɛ/ |
/o/ |
/ɽə/ |
/ɭə/ |
|
|
|
|
|
|
|
ꦄ |
ꦆ |
ꦈ |
ꦌ |
ꦎ |
ꦉ |
ꦊ |
Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki ya iku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis ṛ lan ḷ, kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.
Aksara murda
Aksara |
Pasangan |
Font |
Nama |
|
|
ꦟ |
Na murda |
|
|
ꦖ |
Ca Murda |
|
|
ꦑ |
Ka murda |
|
|
ꦡ |
Ta murda |
|
|
ꦯ |
Sa murda |
|
|
ꦦ |
Pa murda |
|
|
ꦘ |
Nya murda |
|
|
ꦓ |
Ga murda |
|
|
ꦨ |
Ba murda |
Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya
déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing
dimulèni utawa dikurmati lan jeneng panggonan utawa nagara. Aksara
murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo
sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé.
Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jinisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.
Aksara rékan
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
ꦱ꦳ |
ꦲ꦳ |
ꦏ꦳ |
ꦢ꦳ |
ꦗ꦳ |
ꦰ꦳ |
ꦝ꦳ |
ꦛ꦳ |
ꦘ꦳ |
ꦔ꦳ |
ꦒ꦳ |
ꦥ꦳ |
ꦐ |
tsa |
ḥa |
kha |
dza |
za |
ṣa |
ḍa |
ṭa |
ẓa |
a' |
gha |
fa |
qa |
θa |
ħa |
xa |
ða |
za |
sˤa |
ðˤa |
tˤa |
dˤa |
ʔ |
ɣa |
fa |
qa |
Aksara rékan iku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecak telu. Cecak telu iki karepé kanggo "ngréka" foném-foném saka basa ngamanca, utamané basa Arab.
Mula diarani aksara rékan. Aksara rékan iki wujudé ora béda karo aksara
biasa namung ana cecak teluné waé. Yèn ora ngerti pocapané, aksara
rékan iki bisa diucapaké miturut pocapan Jawané.
Angka
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
0 |
siji |
loro |
telu |
papat |
lima |
enem |
pitu |
wolu |
sanga |
nol |
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
꧑ |
꧒ |
꧓ |
꧔ |
꧕ |
꧖ |
꧗ |
꧘ |
꧙ |
꧐ |
Hanacaraka uga nrapaké angka-angka dhésimal.
Pada
Pada iku tandha-tandha kanggo nulis.
Pada Utama
Nama |
Gambar |
Font |
Pada adeg |
|
꧊ |
Pada adeg-adeg |
|
꧋ |
Pada lingsa |
|
꧈ |
Pada lungsi |
|
꧉ |
Pada Khusus
Nama |
Gambar |
Font |
Pada luhur |
|
꧅ |
Pada madya |
|
꧄ |
Pada andhap |
|
꧃ |
Pada guru |
|
꧋꧆꧋ |
Pada pancak |
|
꧉꧆꧉ |
Purwa pada |
|
꧅ ꦧ꧀ꦕ ꧅ |
Madya pada |
|
꧅ ꦟ꧀ꦢꦿ ꧅ |
Wasana pada |
|
꧅ ꦆ ꧅ |
Filsafat Paku Bawana IX
Filsafat
hanacaraka kawedharaké déning Paku Bawana IX dicuplik déning Yasadirupa
minangka bahan saraséhan sing kagelar ing Balai Kajian dan Nilai Tradisional
Yogyakarta nalika tanggal 13 Juli 1992. Irah-irahan makalah sing kaasta
Yasadipura ya iku 'Basa Jawi ing Tembé Wingking Sarta Aksara Jawi kang Mawa
Tuntutan Panggalih Dalem Ingkang Sinuhun Paku Bawana IX' ing Kraton Surakarta
Hadiningrat. Sajroning makalah iku dingendikaké déning Yasadipura (1992:9-10)
yèn Paku Bawana IX maringaké wewarah adhedhasar hanacaraka lan sabanjuré, sing
kapurwakan kanthi sekar Kinanthi. Ajaran/wewarah filsafat urip adhedhasar
aksara Jawa iku ya iku:
- ha-na-ca-ra-ka ateges ana utusan ya iku utusan urip, wujude napas sing kajibah manunggalake jiwa lan raganing manungsa. Karepe ana sing paring kapercayan, ana sing dipercaya, lan ana sing dipercaya kanggo makarya. Telung prakara iku ananging Allah, manungsa lan jejibahane manungsa (minangka titah).
- da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawisé cinipta nganti tekan saaté tinimbalan, ora bisa nolak utawa éndha apadéné semaya. Manungsa lan samubarangé kudu ndhèrèk sendika dhawuh, nampa sarta nindakake kersane Allah.
- pa-dha-ja-ya-nya ateges manunggale Dzat Kang Paring Urip
(Khalik) karo sing diparingi urip (makhluk). Karepé cocog nunggal batine
sing bisa disawang ing sajroné solah bawané adhedhasar kaluhuran lan
kautaman. Jaya iku menang, unggul sing sabener-benere, ora mung
menang-menangan utawa menang ora sportif.
- ma-ga-ba-tha-nga ateges nampa sakabehing dhedhawuhan sarta larangane Allah Kang Maha Kuwasa (takwa). Maksudé, manungsa kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibake, sanajanta manungsa diparingi wenang kanggo ngiradati, budidaya kanggo nanggulangi. Wusanané, kabèh mung ana panguwasané Allah.
EmoticonEmoticon